-->

Pengertian Dan Contoh Teks Sesorah Dengan Tema Lingkungan Sekolah

Pengertian sesorah

Sesorah (pidato) yaiku micara/matur/nglairake gagasan sarana lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.
Artinya:
Pidato adalah bebicara secara lisan di depan orang banyak untukmaksud tertentu.

A. Ancasing sesorah/tujuan sesorah

1. Atur Pambagyo : yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa wae kayata acara syukuran, supitan, tanggap warsa (ulang tahun), pengantenan.
Artinya:
Pidato untuk menerima kedatangan tamu di acara apa saja seperti acara syukuran,khitanan,ulang tahun,pernikahan.

2. Atur kabar/paring informasi : yaiku sesorah kang aweh kabar/informasi,umpamane acara rapat organisasi,promosi barang.
Artinya:
Pidato untuk memberikan informasi, contohnya acara rapat organisasi, promosi barang.

3. Atur pangajak : yaiku sesorah kang ancase supaya sing mirengaken percaya banjur ketarik atine lan gelem nindakake apa kang diwedharake dening sing sesorah,umpamane sesorah ing papan ibadah.
Artinya:
Pidato yang tujuannya supaya yang mendengarkan percaya langsung tertarik hatinya dan mau melakukan apa yang dicontohkan dari yang berpidato.

4. Atur panglipur : yaiku sesorah kang aweh panglipur utawa nggedhekake atine marang para sutresna sing lagi nandhang susah, umpamane sesorah ing sangarepe para kadang kang lagi nandhang pancobaning urip arupa musibah bencana alam, kepaten lan liya liyane.
Artinya:
Pidato yang memberikan hiburan atau membesarkan hati orang yang sedang terkena kesusahan,misalnya pidato didepan orang yang sedang dicoba hihupnya berupa musibah bencana alam,kematian dan lain lain.

5. Atur panyarue/ngemutake : nelakake panemu kanthi dhasar-dhasar kang ganep tumrap sawenehing ada ada, contone tontonan lumatar tv, panggoning hp lah internet kang kurang becik tumraping bocah sekolah.

B. Bab wigati nalika lagi sesorah (bab yang perlu diperhaikan saat pidato)


1. Basa/Bahasa
Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi. Basa ngoko digunakake menawa sing diadhepi iku bocah/luwih enom tinimbang sing sesorah. Basa krama digunakake menawa ngadhepi wong sing luwih tuwa/wong sing kudu diurmati.
Artinya:
Bahasa yang digunakan harus sesuai dengan yang sedang dihadapi. Bahasa ngoko digunakan ketika yang dihadapi itu anak anak/lebih muda dari yang membaca pidato. Bahasa krama digunakan ketika menghadapi orang yang lebih tua/orang yang harus dihormati.

2. Busana
Menawa sesorah becike nggunakake busana kang becik lan sopan. Ana tetembungan “ajining raga saka busana” kejaba kanggo ngormati sing padha mirengake uga bisa kanggo njagani lan ngajeni awake dhewek. Busana uga kudu kaleresan karo kahanan lan tujuan.
Artinya:
Ketika berpidato alangkah baiknya menggunakan pakaian yang baik dan sopan. Ada peribahasa “ajining raga saka busana”termasuk untuk menghormati yang pendengar dan juga bisa menjaga dan menghargai diri sendiri. Pakaian juga harus sesuai dengan situasi dan tujuan.

3. Swara
Swara kang kepenak dirungokake iku aja keseron utawa aja lirih banget. Anggone ngucapake kudu jelas,ora kecepeten saengga apa kang diwedharake gampang dingerteni karep,irama ora lugu kaya wong maca buku.
Artinya :
Suara yang enak didengerin itu tidak terlalu keras atau terlalu kecil suaranya. Dalam mengucapkan harus jelas,tidak terlau cepat sehingga apa yang disampaikan mudah dipahami maksudnya,dalam berpidato jangan terlalu sering baca buku.

4. Solah bawa (sikap)
Wong sesorah iku kudu mantep lan tatag,madhep marang pamriksa,aja tumungkul,ndhingkluk lan aja ndangak.
Artinya:
Orang berpidato itu harus mantap dan siap,menghadap ke pendengar,jangan menghadap kebawah dan jangan menghadap keatas terus.

C. Bab kang kudu disingkiri nalika sesorah

Berikut ini adalah bab yang tidak diperbolehkan ketika sedang membaca sesorah/pidato.
  • Polatan mbesengut (terlihat marah)
  • Gugup (nerveous)
  • Ngguyu sing digawe gawe (tertawa dibuat buat)
  • Sering ndeleng cathetan (sering melihat catatan)
  • Bola bali ngobahake tangan/sikil (terlalu sering menggerakan tangan/kaki)
  • Ngadeg kaku kaya wong baris (berdiri terlalu kaku seperti orang baris)
  • Karo mloka mlaku (sambil jalan jalan)
  • Tangan methentheng
  • Tangan mlebu sak klambi/kathok (tangan masuk ke saku baju/celana)
  • Ngupil


  • D. Urutane sesorah


    1. Salam pambuka
    Isine ngucapake salam marang tamu kang rawuh kayata nuwun,kula nuwun,sugeng siyang,sugeng sonten,sugeng ndalu utawa salam liyane.
    Artinya:
    Isinya mengucapkan salam kepada tamu yang datang seperti selamat pagi,selamat siyang,selamat malam,atau salam yang lainnya.

    2. Purwaka
    Atur pakurmatan marang para tamu lan atur syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu kanggo nindhakake acara iku. Uga atur panuwun marang para tamu sing wis kersa nglonggarake wektu rawuh ing acara iku

    3. Isi/wignatining atur
    Isine bab apa sing bakal diaturake manut marang acarane.

    4. Pangarep-arep
    Isine bab sing disuwunake(diarep arep) saka sing kagungan kersa marang tamune umpamane donga, pitutur lan sapiturute.
    Artinya:
    Isinya bab yang diharapkan oleh yang punya keinginan kepada tamunya misalnya doa,kata kata,dll

    5. Panutup
    Isine nyuwun pangapura menawa anggone nampa tamu utawa matur ana tetembungan sing kurang becik lan solah bawa utawa tindak tanduk sing ora mranani penggalih.
    Artinya:
    Isinya meminta maaf jika dalam menerima tamu atau bicara ada kata kata yang kurang baik dan sikap/tindakan yang tidak enak dihati.

    Contoh Teks Sesorah

    Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh

    Dhumateng Bapak Kepala Sekolah Dhumateng Bapak lan Ibu guru
    Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani
    Hadirin ingkang kulo tresnani
    Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang Gusti allah SWT amargi sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat wal afiat.
    Hadirin ingkang kulo tresnani
    Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.
    Hadirin ingkang kulo tresnani
    Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang lan sejahtera.
    Hadirin ingkang kulo tresnani
    Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Wanayasa menawi sekolah kita resik tiang sanesipun mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki. Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
    Cekap sementen ingkang kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangampunten.

    Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

    Berlangganan update artikel terbaru via email:

    0 Response to "Pengertian Dan Contoh Teks Sesorah Dengan Tema Lingkungan Sekolah"

    Post a Comment

    Iklan Atas Artikel

    Iklan Tengah Artikel 1

    Iklan Tengah Artikel 2

    Iklan Bawah Artikel